Teks Pidato Pasrah Penganten Kakung
Assalamualaikum Wr.Wb
Assalamualaikum Wr.Wb
- Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing
pamawas miwah lebdo ing pitutur
- Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti
dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan
- Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari
ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
- Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro
tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning
kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
- Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo
haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah
sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah
ingkang satuhu luhuing budi.
- Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri
ingkang satuhu bagyo mulyo.
Sang yaning para tamu ingkang tansah
pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran pepayungipun raos suko sukur
dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi. sak lebetipun wonten
ing pahargyan agung prastowo punika.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati…(besan saking temanten kakung) boten sagen masrahaken putanipun calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.

Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun
Bg…..(nama temanten kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu….ingkang
pidalem ing….sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri),
atmojo panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau
dinten…Surya kaping….( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul),
wanci tabuh ….mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten
alangan satunggal punapa.
Mbok bilih sampun titiwanci
tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged
katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning adat widhiwidana
ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa prosesi acara
tersebut)…kula sak pengombong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran
puji dongo mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun
amangun brayat engga, tansh manggih guyuo rukun, atut runtut, ayem tentrem,
rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.
Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan
pengombyong temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu,
mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing
sambikolo dumugi dalemipun soang -soang.
Semanten ugi mbok bilih kawula
anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen
kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah
nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.
Akhirul kalam, wabilahi taufik wal
hidayah
Wassalamuaalaikum wr.wb.
Wassalamuaalaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar